Tuesday, February 20, 2007

Beyond Expectation

Aduh biyunggg....
Aku ki cen soyo suwi cen ora seneng yen ana wong muja muji jhe...

"Staineslav", sopo to kuwiii??? aku jan ora tau tertarik ngapal'ke rupane wong2 bule sing dadi tamu ning kantor, opo maneh yen tamune kuwi dhuuwurr banget pangkat'e. wis... ngumpet wae ning ngisor meja. Lha mau esuk ibu bos kok ngomong jare dikongkon cicitcuit ning ngarepe wong kuwi. Wuaduh biyung... yen sing ngadep ki kabeh trainee yo ra po po.. yen elek yo elek bareng.. Tapi yo piye ra kaget jare sing entuk kesempatan ra kabeh. Yooo pancen durung final sih keputusan.. sih dadi 'wacana' di kongkon siap-siap wae yen dadi wulan ngarep. Wuaduh biyung... Aku jan ora seneng, ora bangga, tapi sing ngene iki malah nggawe mumet, nggawe setres, dadi beban. Alasan ibu'ku kuwi milih aku dadi sing 'selected' kuwi mau opo tooh??? aku ki ora iso opo2, ora ngerti opo2, sih akeh sing kudu tak'pelajari. Lha mengko yen ditakoni macem-macem ra iso njawab, njur kepiye? mengko yen aku ora paham leh ngomong bule kuwi, njur kepiye? lha bos'e ibu ning singapur wae nek seh telecon kuwi angel banget dirungok'ke, lambe'ne plegak pleguk, koyo wong kumur-kumur ngono... lha si staineslav iki, opo ora luwih parah tur njijik'i?
padahal yen aku ra salah, bule iki bos'e bos'e bos'e bosku. wis papat toh??? wuaduh biyuungg... aku yo kalah nyali yen ngene ki...

Mau juga si Mas "E" ngomong yen aku ki ngene... ngono..., inti'ne muji. Arep memotivasi jan'e, tapi malah aku dadi ciyut. Aku wedi ora iso sesuai karo sing di'arep'ake karo wong-wong kuwi. Aku pancen skeptis yo? Aku luwih puas yen iso luwih seko sing di'arep'ake wong. Tapi yen wong podo muji, dadine aku koyo terbebani, kudu apik terus, kan angel toh?????ora iso bebas.....

Pancen'e aku ki bodho yo bodho wae... ora sah di pinter-pinter'ke.. iso ra toooh????

No comments: